TEBU…. anTEB ing qolBU…. Anteb iku
abot, dene Qolbu iku roso pangroso ing sakjroning daging kang sinebut daging
ati. Bedo surasane, yen anteb ing qolbu tembunge disuroso siji - siji, yoiku
anteb iku abot / bobot. Dene qolbu iku ati, mulo yen di dadek ake ukoro banjur
nduweni suroso bobot timbangane ati, biso ugo ngemu suroso atine kabotan
anggone arep ngayahi pegaweyan.
Anteb ing qolbu wis dadi ukoro kang
ngadeg dewe, ora pinisah, malahan wus biso kasebut paribasan, kang ngemu
suroso, roso ati kang manteb.
Keno ngopo roso ati kang manteb
disanepak ake karo uwit tebu ?.
Uwit tebu yen diwaspadak ake nduweni
oyot tan bisa diwilang. Dene oyot tebu kang cendak - cendak iku, nyatane biso
nyonggo uwit kang ngadeg jejer luwih dowo lan luwih gede tinimbang oyote. Iku
perlambang, dene oyot kang cendak bae, biso nyonggo uwit kang luwih duwur. Opo
maneh yen oyote dowo.
Semono ugo manungso,..... sak sopo o
bae, yen gelem ngluru ilmu, kanthi dasar oyot kang bener wewatone, iso dipestek
ake arep nduweni paugeran lan biso ngadeg njejer sak enggo uwit tebu kang luwih
dowo tinimbang oyote.
Tebu kang ngadeg ngejejer, lan
nduweni wit kang maujud ros-rosan, ugo nduweni wigati ne perlambang, yen sak
barang gawe iku mesti kanthi tahapan. Ros sing ngisor dewe, ora pati dowo,
banjur sinambung ros ing sak nduwure rodo dowo, iku mono perlambang yen
manungso ugo mboko setitik anggone ngluru ilmu dalasan pangetrapane.
Ora mung cinondro soko wujud bae,
ananging tebu ugo biso di roso. Rasaning tebu kang legi, ing perangan ngisor
luwih legi tinimbang perangan nduwur, nduweni perlambang, yen menungso dewoso,
wis sakmestine kudu nduweni roso kang luwih becik, yen kabandingake karo
sak padane sing durung ngancik dewoso umur lan akeh anggone ngluru ilmu kanggo
oyot uripe.
Ewo dene, saperangan wong kang wus
dewoso umur, nanging isih durung kagungan oyot kang akeh, iku ugo ono, lan
lumrah.
Ngampil istilah dene anteb ing qolbu
( hati yang mantap sesuai dengan syariah, kaidah dan hukum yang benar ). Iki
wis ngandung makno kang duwur, mergo wus sesambetan soko punjer sejatine ilmu
ngaurip … kamongko sejatine ilmu iku sumbere soko kitabulloh Al Qur’an.
Mulo ono salah sawijining Auliya
ngudo roso ; dene tondo - tandane kabahagian lan keberuntungan ne wong
mukmin iku ; Yen ilmune nambah, nambah ugo roso tawadhu’ lan roso asihe. Semono
ugo ono pepenget ; Udinen Ma’rifatulloh.
Mugi panjenengan lan
kula kaperang ing golongane wong kang mengkene. Aamiin.
Salam,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar