Kamis, 09 April 2020

NGELMU LAN SANGUNE




NGEL MU ateges aNGEL keteMU,  luwih angel yen wis ketemu, lire…. dene ilmu iku angel anggone nggayuh, lha yen ilmune wis biso digayuh, banjur pangetrapane tambah luwih angel. 

Kok malah mengkono.Yo… pancen mangkono iku hukum alame, amargo wong kang ilmu ne akeh, iku sak kabehing niat lan tumindak wis sak mestine kudu jumbuh klawan ilmu kang wis digayuh. 
 
Dene ono sak perangan uwong kang wis sinau ilmu kanti angel, nanging banjur  tindak - tanduk lan trapsilane durung jumbuh karo ilmu kang di darbeni, iku paribasan pari kang maujud tuwo, nanging tuwo ing umur, ketok ngejejer ngadeg, ananging isine sitik …malahan iso kopong, tanpo isi.  
Bedo karo pari kang wis tuwo tur mentes,  mesti dewek e tambah ndungkluk. Iku mono ambuktek ake dene pari mau akeh isi berase.

Semono ugo ngluru ilmu iku mesti kanti laku. Ono laku kang abot, ono ugo laku kang gampang, gumantung marang ilmu opo kang arep digayuh.
Yen ilmu kang arep digayuh iku ilmu sing sak sopo wonge bisa nggayuh, yo wis jamak lumrahe laku ne ora abot. Semono ugo yen ilmu kang arep digayuh iku ilmu kang ora sak baene, yo wis sakmestine laku ne ugo ora gampang. 

***
Kenopo yen arep ngluru ilmu, kudu sangu cengkir lan tebu.? 
CENGKIR soko tembung kenCENG ing piKIR, jarwo dosok soko kencenging pikir anggone nggayuh ilmu.  
Keno ngopo, cengkir = klopo enom, ora sangu klopo bae. Banyu cengkir iku akeh paedahe ; banyune iso kanggo tombo salit, kanggo tombo mendem, malahan isok kanggo tombo ngresik- i watu ginjel. 

Cengkir kang panggonane ing nduwur, iku ugo sanepan kanggo pangluru ilmu, dene wong kang kepengin ngluru ilmu iku sangune kudu golek soko nduwur, lire kudu nyenyuwun kanti ndedonga, marang Alloh kang murbeng wasesa. 

Semono ugo anggone ngunduh cengkir, kudu nganggo sarono, ora oleh sak - wiyah wiyah anggone njupuk. 
Iku mono ugo perlambang dene kabeh mau ora bisa sak det sak nyet, mesti kudu ngalami proses lan  urutan kang maton. 

Njupuk - o cengkir kang sisih wetan, lan ora keno di ceblok ake. Ila - ilane simbah mbiyen, njupuk cengkir sing mangklung mangetan iku, mergo keno sorot srengenge wayah esuk. Ing sangat wayah mini mau,  ultra violet sing ketaman marang cengkir, gede paedahe. 

Dene cengkir ora oleh diceblok ake, amargo yen cengkir diceblok-ake,  arep ngrusak roso banyu cengkir. Opo maneh yen banyune arep di - anggem tombo mecah watu ginjel, cengkir kang ceblok wis ilang khasiate. 

Sak banjure cengkir ugo nduwe makno , cengkir yen di openi nganti tuwo, banjur dadi klopo, sing akeh paedahe. Sepet ( kulit kelapa ) yen di campur banyu lan dibekep ono ing ember ono  gentong utawa ember, sakjroning  rong minggu lawase, banyune iso kanggo nyuburake taneman. ( amargo sepet mau ngemu KCL )

Ing wektu iki sepet wis bisa digawe sembarang kalir. Umpamane,  kasur......lan sak piturute. 
Semono ugo batok, banyu klopo, opo maneh klopone, kabeh migunani.  Mulo cengkir  ( kenceng ing pikir)  banjur dadi perlambang, kanggo sangu wong kang ngluru ilmu.  
Semanten, mugi barokah dumateng panjenengan lan kula. Aamiin
Pripun miturut sampeyan?


Salam taklim ,-

Haryono HS
Salatiga, 9 April 2020
Ono sambungane babagan TEBU            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar